Jumat, 23 Maret 2012

Sintren Dangdut Kamajaya - Kembang Kilaras



Sintren Dangdut Kamajaya - Kembang Kilaras

Tarling Dangdut Kamajaya grup
Ds. Bogor Kec. Sukra, Kab. Indramayu
Pimp: Udin Zaen
Penyanyi : Nengsih, Titin Maryati

Kembang Kilaras
Sintren Dangdut
Kembang Kingkong
Kembang Kacang
Kembang Bung
Waru Doyong
Turun Sintren
Kembang jae Laos


KEMBANG KILARAS

Kembang kilaras ditandur tengahe alas
Paman bibi aja maras dalang lais njaluk waras

KEMBANG KINGKONG

Kembang kingkong sabun wangi buntel godong
Wulane wis mencorong sintrene pageol bokong

Jaran pring dirancasi lading pengot
Sintrene mincing2 pengendange lagi sewot


Adol kayu dituku ning nyonya Dingpo
Sing nongton klambine ijo sintrene gubedan cimpo

Kembang mawar disebar dadi selatar
Tutur jembarna ulane njaluk bayar salilane

KEMBANG KACANG

Ana kacang dawa2, dawa soten langka wite
Ana bujang gaya2, gaya soten langka duwite

Tuku kembang aja wangi2, paling wangi kembang kenanga
Nonton sintren aja bengi2, paling bengi waya jam sanga

Iwak sepat serawa2, nandur pundat kejebur sumur
Njaluk pegat selewa2, dadi rangda seumur2

KEMBANG BUNG

Ai kobat tambate pawon, antupena dandang kuali
Ai tebat ai kabul, ngenteni wong nonton kumpul

Salasi solanjana, menyan putih pengundang dewa
Para dewa madangi sukma, bidadari temuruna

kembang bung kembang ning rawa, kembang putren megare kali
Rubung2 nonton apa, nonton sintren dibabai

WARU DOYONG

Waru doyong kakang pinggir kali,
Ngeloyong mah kakang bari ngakali
Ngakali wong liwat wingi
Sing liwat pinggir kali

Waru doyong kakang pinggir blungbang
Ngeloyong mah kang mas bari kegembang
Kegembang ning klambi abang
Klambi abang sing tek sayang

Waru doyong kakang pinggir laut
Ngeloyong mah kakang bari kepencut
Kepencut ning tukang catut
Tukng catut doyan mrengut

Waru doyong kakang ning pesisir
Ngeloyong mah kakang sembari naksir
Naksir sote ning wong Bangkir
Ya Bangkir genae pasir

TURUN SINTREN

Turun2 sintren, sintrene widadari
Nemu kembang yun ayuni, kembange Siti Maindra
Widadari temuruna, manjing maring sing dadi

KEMBANG JAE LAOS

Kembang jae laos lempuyang kembange kuning
Arep balik gage elos, sukiki menea maning

Kembang cici lingkong kembu cilik wadah bangkong
Lagi cilik dibopong2 waya gede digawa uwong

Kembang kates gandul dicampur kembang kenanga
Arep ngalor arep ngidul yen bli suka gagea lunga

Kembang2 pelem pinggire kembang melati
Yen gelem ngomonga gelem aja gawe lara ati

 


12 komentar:

  1. maaf kang klo boleh share donk smua lagu sintren dangdutnya...trims.

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Duwe'e mung semono..... Kembang Kilaras ko tak reupload...

      Hapus
  3. Angger sing kiye aku duwe pita kasete,cuma mbuh saiki esih bisa diputer apa ora?
    kang ana lagu Cirebon berintan-e Uun ora?nggoleti nyampe mumet ora ketemu

    BalasHapus
  4. KESUWUN YA KULA SENENG MASIH WONTEN KANG PEDULI TENG BUDAYA TRADISI OKE BANGET BRO..

    BalasHapus
  5. lamon bisa cerita sandiwara sebab jaman kien kuh blenak sandiwarae rekaman panggung bae enak gah rekaman kaset bengen kah bro

    BalasHapus
  6. pengen lagu penganten anyar originale. Kien ana gah penyanyie susi arzeti

    BalasHapus
  7. Link download full album wis diganti. Mangga sedot bae

    BalasHapus
  8. Ang punten pencipta lague sapa bae ya ang?

    BalasHapus
  9. Ang punten pencipta lague sapa bae ya ang?

    BalasHapus
  10. Kuwen lagu rakyat, mbuh sapa penciptae

    BalasHapus