Kamis, 18 Desember 2014

Tarling Klasik - Banyu Urip


 BANYU URIP

Lir malaikat banyu ingutus Allah
Mamrika sarwa urip bahagia
Mangka udan dadi banyu kali
Banyu kali manjing samudra lintas daratan
Bangsa lelembut wit-wtan purba jejingkrakan ngenteni menusa
Bapa Adam kelawan Ibu Hawa anjelma ing jagat nur sirah
Suwarga dosa bumi minangka titian
Sangkan paraning dumadi


Buana dadi kebek, kelebet gumelat ngumandangaken suwara
Bumi pusaka kinasihan
Ngaku-aku bumi kinasihan, nanging kalah dening bangsa cacing
Selawase tan ngresula pegel ngagungaken lemah
Rumangsa nduweni kinasih ning banyu
Nanging tan bis angraksa supaya sumur aja ketetesan getih
Banyu mata dosa

Senajan udan terkadang ditolak, terkadang uga perlu anane
Cecukulan kabeh butuh bumi sarwa murah asih
Dudu kukus ireng kang metu sing jero dusta
Dudu gumedene bencana raja pati kang gawe binasa
Cecukulan butuh bumi kang gandane suwarga

Tetesing banyu pangurip kang gawe bening sejati
Gegantang wis keliwat karena ngagungaken keturunan
Banjir getih sing sumur angkara murka
Nyebar ganda iblis laknat
Panggonan sesek kejepit dinding granit

Menusa den kungkung kesombongane dewek
Nanging ambeke masih duwur sing pengucape
Pepeteng ilang kari padange
Padahal srengenge wis arep sirna
Di pipis lembut pepadange pesta-pesta ning kota-kota

Isun isin karo singa kang kepangan galake
Isun isin karo kobra kang keserep wisae
Isun karo bangsa lelembut kang katiru cara-carae
Wis karebut raharjaning bumi
Karep isun bebalik arep bebenah
Lemah-lemah kang nela
Angisi kali pesisir sumur karo banyu kang adem
Malar para taruna nagari dadi mukti awibawa sumur
Malar para taruna nagari dadi muktia wibawa suhunan
Terus ngumbara maring alam kang suci


Satu Bagian dari Lima Bagian musik dalam pertunjukkan Intermedia "Niatingsun" karya Embie C Noer yang dipentaskan di Gedung Kesenian Jakarta tahun 2000.
Wiraswara : Sunarto MA

Untuk download mp3 nya silahkan klik pada judul lagu diatas

Jumat, 12 Desember 2014

World Music Library : The Gamelan of Cirebon


The Gamelan Of Cirebon

1. Jipang Walik
2. Kiser
3. Dermayon; Bendrong; Oyong-Oyong Bangkong
4. Topeng Panji - Kembang Sungsang; Owet-Owetan; Lontang Gede