Rabu, 27 Juli 2011

Lagu Dolanan Anak Jawa


CUBLAK-CUBLAK SUWENG

cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

SLUKU-SLUKU BATHOK

Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

GOTRI NAGASARI

gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok

DAYOHE TEKA

Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

GEK KEPRIYE

Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

ILIR-ILIR

Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo­royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé

KATE-KATE DIPANAH

Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate

KUPU KUWI

Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

CEMPA

Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung

JAGO KATE

Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN

Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

JAMURAN

Jamuran… jamuran…ya ge ge thok…
jamur apa ya ge ge thok…
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK

Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN

Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil…
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK

dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu…

JARANAN

jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL

Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK

Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok …
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING

Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG

tak lelo lelo lelo ledung…
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..


Untuk download mp3, silahkan klik di judul lagu diatas

Senin, 25 Juli 2011

Kiser Saedah saeni

Di Indramayu terdapat satu desa yang bernama Karang Turi. Di desa tersebut ada sebuah keluarga yang di kepalai oleh Sarkawi,dan beranggotakan istri Sarkawi,dan dua orang anaknya, Saedah dan Saeni.
Suatu saat Sarkawi pergi untuk naik haji. Tiba-tiba di tengah perjalanan Sarkawi tergoda dengan penari ronggeng yang bernama Maimunah. Sarkawi dan Maimunah akhirnya menikah tanpa sepengetahuan keluarganya di rumah
Sudah tujuh bulan lamanya Sarkawi tidak datang jua. Istri Sarkawi sakit dan akhirnya meninggal dunia. Beberapa hari kemudian Sarkawi memutuskan untuk pulang ke kampung halama serta membawa istri mudanya. Setiba di rumah Sarkawi terkejut karena mendengar kabar dari anaknya bahwa ibu sudah meninggal.
Susana semakin membaik. Sarkawi memperkenalkan Maimunah kepada Saedah dan Saeni bahwa Maimunah telah menjadi ibu tirinya. Tidak lama dari itu Sarkawipun pergi untuk mencari nafkah
Maimunah pergi ke pasar, sebelum pergi ia berpesan kepada Saedah dan Saeni jika ia pergi, beras dan uang yang ada di meja jangan di pakai. Tapi sebaliknya karena Saeni lapar, akhirnya beras dimasak oleh Saedah. Setelah Maimunah tahu akhirnya Maimunah marah dan mencacimaki Saedah dan Saeni. Karena tidak kuat atas perilaku ibu tirinya, Saedah dan Saeni memutuskan untuk pergi dari rumah. Maimunah sadar akan perbuatanya, ia meminta maaf dan meminta Saedah dan Saeni jangan pergi dari rumah.
Sebagai wujud permohonan maaf Maimunah mengajak anak tirinya itu jalan-jalan ke kota Batavia (sekarang Jakarta). Rupanya Maimunah bukanya ingin ngajak jalan-jalan tetapi ingin membuang Saedah dan Saeni. anaktirinya itu di tengah hutan.
Hari sudah malam hanya ada Saedah, Saeni dan binatang malam yang berada di tengah hutan. Hingga ada seorang kakek tua mendekati Saeni lalu ia memberi petunjuk kepada Saeni, bahwa Saeni akan di jadikan penari ronggeng tetapi mereka mengadakan perjanjian.
Sesudahnya Saeni menjadi penari ronggeng dan Saedah jadi tukang kendang. Hidup mereka jauh lebih baik bahkan mereka berniatan untuk membayar utang kepada ibu tirinya. Seiring waktu berlalu si kakek tuapun menagih janji, dan tak lama kemudian Saeni berubah menjadi buaya putih.
Melihat adiknya berubah wujud menjadi buaya putih Saedah langsung memberi kabar kepada orang tuanya di rumah, tanpa berpikir panjang saedah dan orang tuanya menuju ke sungai Sewo. Tak lama kemudian Sarkawi terjun ke sungai. Sarkawipun berubah wujud menjadi bale kambang (balai yang mengambang). begitu pula istri mudanya, Maimunah menjadi pring ori (bambu). Karna melihat keluarganya sudah tidak ada semua, badan Saedah terasa lemas, sadah tertidur di jalur rel kereta api yang bersebelahan dengan sungai Sewo, akhirnya Saedah terlindas kereta api dan berubah wujud menjadi bunga cempaka putih.



KISER SAEDAH SAENI 

Ngelamun ning tengah wengi. Jagate udan ngericek bae sing awit sore.

Sarkawi : “Bener enak ari dadi wong sugih kuh. Pari akeh, sawah amba, kebo sekandang. Ana pribahasa, ada seneng kurang seneng. Senange harta benda akeh. Kurang senange, duwe cita-cita tapi bisa kelakon beli ya? Duh, rabi reang kah mendi ya, sing esuk miyang meng pasar ora balik-balik. Mi.. mimi....”
Mimi : “Ana apa sih ma, bebeluk bae kuh? Kita lagi masak ning pawon”
Sarkawi : “Gage mene... ana paribasa, rabi iku garwa, sigarane nyawa”
Mimi : “Kurang apa sing Kang kulane kuh ning sampeyan?”
Sarkawi : “Ayo pada mene,  Saedah, Saeni”
Mimi : “Kang Sarkawi takon Saedah Saeni? Kan masih pada sekolah, durung pada balik”
Sarkawi : “mengkenen, mi... Kita kan wong sing paling sugih ning Desa Karang Turi. Kita kuh duwe kepengenan”
Mimi : “Ooo... dadi Kang Sarkawi lagi duwe kepengenan? Ari kula sih kang wong wadon, ya ndukung bae apa tujuane wong lanang, sing penting tujuane bener.”
Sarkawi : “Tujuan reang kuh mi, arep lunga kaji”
Mimi : “Alhamdulilah... berarti tujuane dika kuh kang sangat mulia. Kula setuju sanget ari mengkonon mah”
Sarkawi : “Dadi, mimi setuju?”
Mimi : “Lamon Kang Sarkawi arep lunga kaji berarti bapa Kang Sarkawi nurut dalan sing bener. Kuwen bakal bisa nyelametaken kula skeluarga”
 Sarkawi : “Ya wis, dadi engko kita daftar haji, wong loro karo mimi.”
Mimi : “Aduh, kang Sarkawi... kula kuh lamon numpak mobil sering mabokan, apa maning lamon kon numpak kapal laut. Bisa2 malah mblenger endase”
Sarkawi : “Dadi priwen mi? Pengene sih kita kuh mangkat bareng karo mimi”
Mimi : “Ya priwen sih kang, kulane kuh gampang mabokan”
Sarkawi : “Ya wis lamon mimi ora melu mah, kita mangkate dewekan bae. Tulung bekale disiapaken ya mi”
Mimi : “Ikuh bekale wis disiapaken. Tapi, Saedah Saeni pada mendi ya?”
Sarkawi : “Iya kang..  Kok waya mene durung pada balik bae sih ya? Lamon kakang mangkat ora weruh bocah, pasti pada kelangan”
Sarkawi : “Ikuh bocae wis pada teka”
Saedah : “Mi... mimi....”
Mimi : “Eh, anake mimi... mene nang, mimi arep ngomong”
Saedah : “Arep ngomong apa sih mi?”
Mimi : “mengkenen, Saedah... mama kuh arep miyang”
 Saedah : “Miyang mendi, mi?”
Mimi : “Mama arep lunga kaji. Dadi saedah karo mimi dongakna mama ya, mudah2an dadi haji mabrur, selamet sampe balike”
Saedah : “Iya, mi.....”
Mimi : “Lamon mama laka, aja badeg ya? Jaga Saeni”
Sarkawi : “Kuh, krungu beli mimi ngomong kuh?”
Saedah : “Iya ma, Saedah krungu”
Sarkawi : “Aduh, Saedah anake mama... Saeni...?”
Saeni : “Iya ma...”
Sarkawi : “Mama njaluk donga restu sing mimi, Saedah lan Saeni ya?”
Saeni : “Iya ma”
Sarkawi : “Mamane mangkat ya, Saeni”
Saeni : “Berarti Saeni ditinggal ning kene ya ma”
Sarkawi : “Ora papa... kan ning kene ana kang Saedah, ana mimi”
Saeni : “Ati-ati bae ning dalane ya ma”
Sarkawi : “Ya wis, mama arep mangkat. Saedah, Saeni, jaga mimi ya?”
Mimi : “Ya wis kang, masalah anak2 mah kita sing ngurus. Kang Sarkawi ati2 bae ning dalan.”
Sarkawi : “ya wis mi, mamae mangkat. Dadah mimi, dadah Saedah, dadah Saeni”
Mimi, Saedah, saeni : “Dadah mama... ati2 ya ma”
Sarkawi : “Iya sayang... daahh”
Saedah Saeni : “Dadah mama...”
Saedah : “Mi, deleng mama melas” *ngusap banyu mata*
Mimi : “Wis lah nang, aja dipikiri bae. Sing penting Saedah dedonga, mudah2an mama slamet tekang tanah suci, slamet sampe balike.”
Saedah : “Ayo de Saeni, kita istirahat”
Saeni : “Ayo kang”

***********************

Sarkawi : “Ehem.. ehem....
Bener jare kandane wong tua, wong arep mangkat ibadah kuh akeh cobaane. Sing awit tekang Jakarta, planga-plongo ora weruh dalam. Arep ngoleti kantor haji sebelah mendi ya? Maklum bae, nembeke ngedek tanah ibu kota. Arep takon2 ora weruh bahasane. Maklum, kita kuh wong kampung, ora ngerti kata melayu. Ko dikit, iku ana wong wadon kosi ayu temen ya. Coba ah takon. Yu... yayu... punten, kita arep takon”
 Maimunah : “Sampeyan takon ning kita tah?”
Sarkawi : “Iya”
maimunah : “Aiihh... bokat kuh dudu takon ning kita”
Sarkawi : “Yayu kuh wong jawa tah? Kebeneran... kita kuh yu kesasar, arep takon takon ning sapa, ora ngerti kata melayu”
Maimunah : “Sebenere sampeyan kuh sing endi, arep mendi?”
Sarkawi : “Kita kuh yu sing desa Karang Turi, Indramayu. Tujuan kula sebenere kuh arep mangkat. Cuma keder. Barang tak deleng ning kulon ana rame2, ana apa ya?”
Maimunah : “Mas ora weruh tah ning kene ana hiburan?”
Sarkawi : “Ora weruh”
Maimunah : “Ning kene lagi ana hiburan ronggeng, mas. Ayu, bareng nonton. Kita gah dewekan, laka batur”
Sarkawi : “Dibaturi kuh engko ana sing nyewot beli?”
Maimunah : “Sapa sing nyewot? Nyong kita masih lengoh jeh, durung duwe laki”
Sarkawi : “Aih, mengkonon?”
maimunah : “Sebenere mas kuh tujuane arep mendi sih?”
Sarkawi : “Sebenere sih yu kita kuh arep lunga kaji, cuman ora weruh dalan”
Maimunah : “Ohh.. mengkonon... daripada pusing, ayu melu bae karo kita nonton ronggeng”
Sarkawi : “Yayue gelem tah karo kita? Kita mah yu wong kampung”
Maimunah : “Ih, mas kuh... masa sih ora gelem karo wong ganteng kaya dika?”
Sarkawi : “Bener yu? Aja guyon ah...”
Maimunah : “Bener... masa sih kita guyon?”
Sarkawi : “Hehehe... ya wis, olih beli kita kenalan kih karo wong ayu?”
Maimunah : “Ya pasti olih, mas...”
Sarkawi : “Sapa arane yu, toli asale sing endi?”
Maimunah : “Arane kula Maemunah, asal sing Subang. Ayu ora mas kita kuh, sesuai karo arane?”
Sarkawi : “Ayu pisan, sampe kita demen. Arane kita Sarkawi, asal sing Karang Turi, Indramayu. Jelas?”
Maimunah : “Jelas pisan... Ngomong-ngomong mas wis duwe keluarga durung?”
Sarkawi : “Ya... eh, sebenere sing mengkenen, kita kuh durung duwe keluarga”
Maimunah : “Aja bohong ….bohong ah, gombal”
Sarkawi : “Lamon kita wis keluarga sih, tentu gah rabine kita tak gawa bareng lunga kaji”
Maimunah : “Solae mah wong lanang jaman sekiyen lokan bobad.  Baka ndeleng wong ayu pura2 durung duwe rabi, barange mah rabine akeh ning umae”
Sarkawi : “Ya kuwen sih wong sejen, aja dipadakaken. Kaen ya kaen, kita ya kita”
Maimunah : Duh… gombal, rayuannya maut. Kita watir, wong jaman sekiyen rayuane maut. Kita sih watir mas Sarkawi, sebab wong lanang sekiyen ibarat kembang, masih segar disayang, layu dibuang”
Sarkawi : “Maemunah kudu pegang janjie kita. Kita kuh bener2 sayang karo Maemunah, ora bakalan ninggalaken lan ngelarani Maemunah.”
Maimunah : “Dadi mas bener sayang lan cinta ning kula?”
Sarkawi : “Bener”
Maemunah : “Janji?”
Sarkawi : “Janji”
Maimunah : “Lamon sampeyan bener sayang karo kula, kula arep nembang khusus anggo sampeyan. Lan kula gah wis pegel dadi ronggeng ketuk tilu. Kula pengen duwe keluarga”
Sarkawi : “Lamon Maemunah gelem, ayo kita dolan ning umae Maemunah. Kita pengen kenalan karo wong tuane Maemunah, sekaligus ngemalar Maemunah”

*************
Saeni : “Kang Saedah...”
Saedah : “Ana apa de?”
Saeni : “Kang Saedah lagi apa sih?”
Saedah : “Kakang kuh lagi sedih ndelengaken mimi lagi lara”
Saeni : “Kang Saedah aja nangis sih kang... Lamon kakang nangis, Saeni gah melu nangis”
Saedah : “Mimi larane nambah nemen. Arep takon ning dukun, dukun endi ya sing bisa dijaluk. Mangkane jagate wing bengi. Udane gah ngericek bae ora mari2”
Saeni : “Kang Saedah, mama ko ora balik2 temen sih ya... Apa ora melas ning mimi, ning Saeni”
Saedah : “Iya, mama wis 7 wulan ora balik2” *bari ngelap banyu mata*
Saeni : “Saeni gah ora tega....”
Saedah : “Coba takon ning mimi”
Saeni : “Mama tegel temen ya mi ning mimi. Mama ora eman2 acan ning mimi”
Mimi : “Hus... baka ngomong kuh sing bener.. uhuk... uhuk... *watuk*
Saeni : “Priwen mi?”
Mimi :”Sira lagi pada apa? Coba lorokna obat ning warunge Wa Kadim, bokat bae mimi waras. Toli mamanira kapan ya balike.”
Saedah : “”Iya mi, wis 7 wulan mama ora balik. Apa mama kuh ora kelingan ning keluarga tah ya?”
Mimi : “Arep takon, takon ning sapa... Mangkane jagate adoh”
Saedah : “Wis lah mi, aja pikiran bae, engkone tambah lara. Wis endah, Saedah sing nanggung jawab masalah keluarga, selagi mama durung balik. Mimi aja watir”
Mimi : “Alhamdulillah, mimi kuh bangga duwe anak sing berbakti kaya Saedah. Pesene mimi, Saedah, Saeni, tulung aja benci ning mamanira ya?”
 Saedah : “Ya wis mi, Saedah arep luruh obat. Jare ning Krangkeng ana dukun sing mandi”
Mimi : “Ya wis nang, wong sih kudu ikhtiar. Bokat bae mimi bisa waras”
Saedah : “Ya wis mi, Saedah arep mangkat. Saeni, titip mimi ya... aja miyang adoh2”
Mimi : “Ya wis ati2 ning dalan ya nang.. Saeni, aja kari dedonga, mudah2an mama bisa balik selamet sampe tekang umah. Bisa kumpul karo keluarga maning. Mimi kuh inggal beng sengaja ora turu, dedonga karo gusti Allah, moga2 diparingi sabar lan selamet.”

Jagat tambah bengi bae. Saedah mlaku dewekan mamba pinggir laut marani desa Krangkeng. Lamon mamba alas watir bokat ana apa2. Embuh wis jam pira, ngantuk2 Saedah tetep mlaku bae marani desa Krangkeng sing Karang Turi. Jagat laka wang-wing. Kadang ana suara jangkring, kadang ana suara satoan bengi. Sebenere saedah gah ngerasa merinding, tapi demi kesehatane mimi, Saedah tetep bae mlaku ngelawan rasa wedine. Duh, kuwayang temen lamon ora olih tamba... mangkane wong tua kari siji. Sedangkan mama mbuh ora balik2. Saedah nangis seturute dalan. 

Sukiki sorene Saedah wis balik maning nggawa banyu. Saedah inget pesene mbah dukun, lamon banyu nginunge rasane asin, wis pasti mimi bakalan waras. Tapi lamon banyune tawar, mimi ora bakalan waras. Duh gusti... moga2 bae diparingi waras....

Saedah : “Mi... mimi... Saedah balik mi..”
Mimi : “Manjing bae nang Saedah, lawange ora dikunci”
Saedah : “Ampura Saedah ya mi, Saedah mlakune suwe”
Mimi : “Priwe hasile nang Saedah?”
Saedah : “Alhamdulillah mi, olih banyu tamba sing mbah dukun.. Jare mbah, banyu kiyen kon diinung. Lamon rasane asin, berarti mimi bakalan waras. Tapi lamon tawar, gusti Allah ora ngidzini mimi waras”
Mimi : “Ya wis mene banyune... sing penting kita kudu ikhtiar. Waras apa beli kuwen urusane gusti Allah, kader gah kabeh wong urip bakale mati”
Saedah : “Aja ngomong mengkonon mi... ikih, banyune diinung”
Mimi : *glek-glek* “Kok banyune tawar temen sih Saedah?”
Saedah : “Ya Allah, dadi priwe kinih mi?”
Mimi : “Saedah, Saeni... lamon mimi laka umur, mimi titip pesen... terutama kanggo Saedah, tulung jaga Saeni ya... Kudu disayang, aja sampe uripe disia-sia... Saedah, Saeni... mimi ngerasa pegel.. ambekan gah rasane sesek.. Matane mimi kunang2en”
Saedah : “Mimi... mimi aja mati mi... huuu.. hu... hu....”
Saeni : “Mimiii....”
Mimi : “Mimi arep turu dikit ya Saedah, Saeni... mimi ngantuk...”
Saedah Saeni : “Mimiiiii..... hu.. hu... huuu..... istighfar mi... nyebut..” *nangis rerangkulan*
Saeni : “Mimi aja mati mii... Lamon mimi mati, Saeni karo sapa? Saeni melu mimi bae... miii....”
Saedah : “Aja de... Ade Saeni aja melu mati... engko Kang Saedah karo sapa? *ngusap banyu mata* “Wis de, beberes bae. Engko kakang arep atur2 tangga kon pada marek”
Saeni : “Kakang... mimi tegel temen ya ninggalaken Saeni karo Kang Saedah... Mangkane mama mbuh mendi parane... huu... hu... huu...”
Saedah : “Wis lah de, aja ditangisi... ikuh tangga wis pada teka. Gage diurus jenazahe mimi”

Sarkawi : “Duh, rasane seneng temen ya kita duwe rabi Maemunah. Esuk2 tangi turu wis disediaaken sarapan lotek karo kopi. Udude nyanding. Awane jaburan boled... Beda karo kita bengen karo mboke Saedah Saeni... Urip ning Jakarta rasane enak temen, segala2 ana. Ora kurang suatu apa” *bari ngempul udud*
Maemunah : “Kang Sarkawi... kopine ditambah maning tah?”
Sarkawi : “Ya wis mi, ditambah maning kopine... “
Maemunah : “Seneng ora kang duwe rabi kula mah... “
Sarkawi : “Ya pasti seneng pisan... laki butuh apa2 langsung dilayani. Pengen adus banyu anget langsung disediaaken”
Maemunah : “Kang, kula kuh pengen ngomong karo sampeyan”
Sarkawi : “Arep ngomong apa? Srog ngomonga bae”
Maemunah : “Kula kuh pengen weruh daerah asale Kang Sarkawi”
Sarkawi :”Oohh... mengkonon?! Tapi ning Indramayu mah kampung, aja dipadakna karo ning Betawi. Baka bengi sepi... ora kaya ning kene, rame. Paling ana suara jangkrik karo suara kodok”
Maemunah : “Ya sebagai seorang istri yang setia, pasti ora kang kula kuh pengen weruh karo keluargane sampeyan”
Sarkawi : “Laahh... kita kan wis pernah cerita, yen kita kuh wis ora duwe wong tua”
Maemunah : “Tapi kan tamtune sampeyan kuh masih duwe sedulur. Kita pengen ketemu karo sedulur2e sampeyan”
Sarkawi : “Ohh.. lamon sira maksa, ya ayu beres2 pakean. Sukiki kita mangkat meng Indramayu”
Maemunah : “Ya wis kang, kula beres2 dipit, sekalian gawa bekal anggo ning dalan”
Sarkawi : “Ya ayo mangkat mi”

****************

Saedah : “Saeni, baka wis pragat dedongane, ayu balik... masa sih ning kuburan bae?!”
Saeni : “Kang Saedah wis pengen balik tah? Lamon kakang arep balik, los mana balika bae. Saeni mah masih pengen ning kene... Masih pengen karo mimi....”
Saedah : “Ayo balik de Saeni... masa sih ning kuburan bae? Jagat wis arep peteng”
Saeni : “Los bae balik mah kang... kader gah ning umah karo sapa? Mama laka.. Saeni tingalen bae ning kene endah karo mimi”
Saedah : “Aja ning kuburan, de Saeni... ning kene akeh lamuk. Apa maning baka bengi akeh setan, bokatan dicokot setan”
Saeni : “Bagen dicokot setan gah, sing penting Saeni parek karo mimi”
Saedah : “Sing sabar, de... Ikhlasna mimi.... ambiran mimi tenang ning alam kubur”
Saeni : “Iya kang... tapi Saeni balike jaluk gendong. Saeni awake lemes”
Saedah : “Ya wis gage gendong”
Saeni : “Kang Saedah, baka wis tekang umah langsung mangan ya? Saeni awake lemes, sing esuk durung mangan”
Saedah : “De Saeni sih nangis bae, sampe klalen mangan. Ya wis, ning umah kah masih ana sega kiriman sing wa kaji Rosid”

*********

Sarkawi : “Maemunah, kih umae kita”
Maemunah : “Oh, umae bagus ya?”
Sarkawi : “Mudah2an sira betah. Engko lamon ana bocah cilik 2 lanang wadon, kuwen ponakane kita”
Maemunah : “Oh, ana bocah?”
Sarkawi : “Iya, anake Mang Kusman”
Maemunah : “Oh, syukur ari umae ana sing nunggu mah, ambiran ana sing ngurusi, ora suwung”
Sarkawi : “Kayane mah wis pada turu”
Maemunah : “Ya wis endah, aja diganggu”
Sarkawi : “Ya wis mi, kita arep mangkat usaha. Jagaen umah karo bocah 2 kuh ya”
Maemunah : “Kang Sarkawi arep usaha apa?”
Sarkawi : “Arep meng laut karo Mang Kusman.”
Maemunah : “Berarti kakang arep mangkat meng laut? Tapi ko dikit... kula kuh masih keder karo bocah 2 kuh”
Sarkawi : “Oh, bocah 2 kuwen... Tapi, mimi aja sewot ya?”
Maemunah : “Sewot nangapa? Kula kan istrine sampeyan, masa sih sewot?”
Sarkawi : “Mi, sebenere bocah 2 kuh anak kandunge kita dewek”
Maemunah : “Lah... lah.... kenangapa sampeyan ora kanda lamon wis duwe anak?”
Sarkawi : “Kita isin mi”
Maemunah : “Isin nang apa? Dadi wong lanang aja mengkonon, kudu bertangung jawab”
Sarkawi : “Sebenere kita kuh isin, ngaku2 durung duwe keluarga”
Maemunah : “Aja mengkonon kang... Anake kakang ya anae kita uga. Senajan anak kualon, tetep tak anggep anak kandunge kula”
Sarkawi : “Syukur lamon mimi gelem nerima mah”
Maemunah : “Sapa arane kang?”
Sarkawi : “Sing lanang  arane Saedah, adine wadon arane Saeni. Kembar mi”
Maemunah : “Ooohh... kembar. Berarti kita duwe anak kembar. Wis kang, aja watir, kita gah bisa ngurus anak”
Sarkawi : “Ya wis mi, kita arep mangkat usaha. Tulung jaga anak2 ya, aja di sia2”
Maemunah : “Kang Sarkawi ora percaya karo kita? Aja watir kang, kita gah eman ning anak2, senajan anak kualon gah. Sing penting sampeyan usaha sing bener”
Sarkawi : “Ya wis mi, kita percaya ning mimi... Kita mangkat dikit ya... dadahh....”
Maemunah : “Dadaahh... aja suwe2 ya kang”
Sarkawi : “Paling sedina- rong dina”
Saedah : “De Saeni, kayane ning arep ana suara wong lanang karo wong wadon ya... Suarane mah kaya suarane mama Sarkawi... Tapi sing wadon suarane sapa ya? Mama tegel temen ninggalaken anak, sampe mimi mati ora weruh”
Saeni : “Iya kang” 
Maemunah : “Kang... kang Sarkawi... ko dikit, sampeyan durung pamitan karo anak2 ya?”
Sarkawi : “Eh, iya... salah ya”
Maimunah : “Ya salah... Apa maning sampeyan teka bocah pada beli weruh”
Sarkawi : “Ya wis ko kita ngundang bocah dikit. Saedah... Saeni...”
Saeni : “Mama... mama sehat tah ma?”
Sarkawi : “Sehat nok...”
Saeni : “Saeni gah sehat”
Sarkawi : “Syukur... lah, pada sekolah beli?”
Saeni : “Sekolah ma”
Sarkawi : “Mama pengen takon, tapi jawabe aja anteng2 ya? Sebabe mama nggawa batur wadon. Mimine sira mendi? Mama durung katon”
Saeni : “Mama takon mimi?”
Sarkawi : “Iya... mama kebayang bae ning mimi”
Saeni : “Mimi kuh ma wis mati”
Sarkawi : “Apa? Wis mati? Inna lillahi wa inna ilaihi roji’un”
Saeni : “Saeni karo kang Saedah kuh ma nangis bae inggal dina, kelangan mimi karo mama”
Sarkawi : “Mengkenen Saeni... Mama mone emang arep mangkat lunga kaji, cuman mama kuh ora weruh dalane. Mama kebingungan”
Saeni : “Mama bingung……?”
Sarkawi : “Iya. Ceritane mama wis tekang Jakarta, mama ngoleti pelabuhan. Durung sampe palabuhan mama kuh ngerungu suara gamelan lan sinden sing suarane merdu.. pisan”
Saeni : “Mama ngerungu suara sinden?”
Sarkawi : “Iya. Terus mama ketarik karo wong sing lagi nembang lan njoget ronggeng”
Saeni : “Oohh.. lamon mengkonon mama berarti imane lemah. Kenang apa sih ma? Mama kan tujuane bagus, arep ibadah. Tapi nang apa mama bisa kegoda? Pantes bae mama ora balik2, sampe mimi mati”
Sarkawi : “Ya wis lah nok, ora perlu disesali. Mungkin wis takdire mama mengkenen. Teruse mengkenen, mama kuh ketemu karo sinden ronggeng sing arane Maemunah. Akhire mama kuh kawin.”
Saeni : “berarti mama kuh wis kawin maning? Berarti mama kuh ngarep2 mimi mati ya! Mama tegel temen ning mimi! Apa salae mimi, ma?” *bari nangis*
Saeni : “Berarti mama wis kawin maning”
Sarkawi : “Ya wis nok, mama ngaku salah. Mama kuh pada bae menusa, ora luput saking salah lan dosa. Ampura mama ya nok Saeni. Mungkin gusti Allah wis nakdiraken sira duwe mimi kualon”
Maemunah : “Kang Sarkawi…!”
Sarkawi : “Ya?”
Maemunah : “Oohh.. kiyen anak2e Kang Sarkawi? Bagus2 ya! Kenalan dikit ya nok, nang, mimi arane Maemunah. Mimi sekiyen sing dadi mimine senok Saeni lan Saedah. Tapi aja watir, senajan mimi embok kualon, mimi gah bakalan sayang karo Saeni Saedah. Angep bae mimi kuh embok kandung. Mimi gah nganggep Saeni Saedah anak kandunge mimi.”
Sarkawi : “ya wis ari wis pada kenal mah. Mama arep miyang usaha dikit meng laut. Saedah Saeni aja nakal ya? Sing nurut ning mimi Maemunah. Maemunah, titip bocah ya. Tulung didiken sing bener”
Maemunah : “Iya kang, aja watir”
Sarkawi : “Ya wis kitae mangkat dikit. Batur2 wis pada ngumpul ning arep”
Saeni : “Ma, balike gawa oleh2 ya?”
Sarkawi : “Iya nok”
Maemunah : “Mama wis mangkat. Ya wis ya nok, mimi arep mangkat ning pasar tuku lawuan. Saedah, ning lemari ana duit seketip, berase ana sekati ning pedaringan. Tulung aja dianggo ya, sedurunge mimi balik sing pasar. Kerungu beli?”
Saedah : “Krungu mi. Saeni, kerungu beli mimi Maemunah ngomong kah?”
Saeni : “Krungu kang"

Akhire Maemunah mangkat meng pasar.

Saeni : “Kang, mimi Maemunah beda ya karo mimi Maryati. Kalesan mbok kualon”
Saedah : “Mangkane Saeni kudu priatin.”
Saeni : “Mimi Maemunah mangkat meng pasar ora ninggalaken apa2. Kang Saedah, Saeni ngelih mangan. Berase diliwet bae ya?”
Saedah : “Kuh, sira mah de, nembe bae mimi Maemunah ngomong, berase aja dianggo”
Saeni : “Tapi kang, saeni awake wis lemes, ngelih mangan. Berae diliwet bae ya? Lamon mimi Maemunah sewot, bagen Saeni sing nanggung jawab”
Saedah : “Lamon de Saeni sing nanggung jawab, ya wis, engko berase diliwet. Bokat mimi Maemunah sewot, kita bareng2 bertanggung jawab ya de? Engko duit seketip kah anggo tuku lawuan”
Saeni : “Iya kang... Kang, nang apa ya Mimi Maryati gelis ninggalaken kita? Lamon mimi Maryati masih ana mah, tentu kita ora sengsara kayang kenen”
Saedah : “Iya de. Mungkin gusti Allah cuman ngupaih umur mimi cuman semono”
Maemunah : “Aduh, ana apa kinih kosi berantakan temen?”
Saedah : “Mi, Saedah njaluk maap mi...”
Maemunah : “Maap apa….?”
Saedah : “Tapi mimi aja sewot ya?”
Maemunah : “Iya, tapi sok ngomong terang2an bae, ana apa?”
 Saedah  : “Mengkene mi... Saedah kuh ora tahan ndeleng saeni lemes. Sing awit wingi sore durung mangan. Dadi beras ana sekati kah diliwet anggo mangan. Duit seketip dianggo tuku lawuan”
Maemunah : “KURANG AJAR … Sira memang  anak kurang ajar..!!!” *naboki Saedah karo gagang sapu*
Saedah : “Ampun mi, ampun...!”
Maemunah : “Nembe ditinggal sedelat bae wis bli nurut ning wong tua. Dasar anake wong mati! Anake setan!”
Saeni : “Aja nggebugi kang Saedah mi... Saeni sing salah”
Saedah : “ya wis de, kita miyang bae yu sing umah kiyen. Mimi Maemunah ora sayang ning kita”
Maemunah : “Eeh, ko dikit... aja pada miyang. Ya wis, mimi njaluk maap. Beras karo duit wis entok ya ora papa. Engko mimi tuku beras maning ning warunge kaji Samad”
Saedah : “Alhamdulillah, mimi wis ora sewot maning..”
Maemunah : “Ya wis ora papa. Sekiyen kita jalan2 yu?!”
Saedah : “Jalan2 mendi mi?”
Maemunah : “Ya mendi bae lah terserah mimi...”
Saedah : “Meng Cerbon apa meng Gunung Jati, mi?”
Maemunah : “Meng kota. Api engko mimi arep adus dikit ya? Terus masak tumpeng karo bekakak ayam anggo bekal. Lamon mimi salah, mii njaluk maap. Soale mimi pegel, meng pasar mlaku bae”
Saedah : “De Saeni, kerungu beli? Mimi Maemunah ngajak jalan2?”
Saeni : “jalan2 mendi kang?”
Saedah : “Jare mah meng kota. Mangkane de Saeni gage adus terus dandan. Kakang gah arep nyiapaken klambi sing bagus”
Saeni : “kang, Saeni arep diajak jalan2? Tapi saeni awake lemes, kang. Awake lagi kurang sehat”
Saedah : “Ya engko kakang tuku obat”
Saeni : “Saeni’e digendong ya kang?”
Saedah : “Iya, engko de Saeni tak gendong”
Maemunah : “Nah, wis pada dandan ora? Bekale wis siap. Sega tumpeng, bekakak ayam. Tinggal mangkat bae. Aja klalen ya Saedah, lawange dikunci, bokatan ana maling. Saeni rambute disoreni ya? Terus dikucir sing rapi”
Saeni : “Iya mi”
Saedah : “Tapi mi, sekiyen kan jagate wis sore, delat maning maghrib”
Maemunah : “Wis ora papa”
Saedah : “Engko ning dalane peteng jlimet, mi”
Maemunah : “Ning kota sih padang, akeh lampu. Ana abang, ijo, kuning... Aja watir, lamon karo mimi ora bakalan sengsara”
Saeni : “Kang, jare meng kota, tapi kok dalane mamba alas sih? Wis peteng ribet iku... Saeni wedi kang”
Saedah : “Jare mimi mamba mene jeh”
Saeni : “Masa manjing alas?”
Maemunah : “Saedah, Saeni... mamba mene kuh dalane motong ambiran gelis sampe ning kota. Dadi supaya tekang kota aja sampe kebengien pisan. Lamon sira wis pada pegel, liren dikit bae ya?”
Saedah : “Ya wis mi. Liren ning sor wiwitan sing gede bae kuh”
Maemunah : “ya wis, istirahat bae dikit bari mangan”
Saeni : “kang, Saeni haus... pengen nginung”
Saedah : “Ko dikit takon ning mimi. Mi, nggawa banyu nginung beli?”
Maemunah : “wah, iya, mimi klalen. Ya wis, sira tonggoni ning kene bae ya sedelat, mimi arep luruh banyu. Awas, aja miyang2 mendi sedurunge mimi teka”
Saedah : “Iya mi, tapi aja suwe2 ya mi, Saeni’e wedi... Jagat peteng ribet ning jero alas, laka wang wing”
Maemunah : “Mangkane sira tonggoni bae ning kene, bagen mimi sing luruh banyu”
 Wing olih 2 jam, Maemunah ora teka2.
Saedah : “Aduh, de Saeni, mimi Maemunah luruh banyu suwe temen sih? Mangkane jagat wis peteng ribet”
Saeni : “Iya kang, kayane Mimi Maemunah kuh bobad. Sengaja arep ninggalaken kita”
Saedah : “Iya de, mimi Maemunah bener2 jahat”
Saeni : “kang Saedah, suara apa kunuh? Saeni wedi”
Saedah : “Suara satoan”
Saeni : “balik bae yu kang”
Saedah : “Kakang ora weruh dalan, de. Ya wis tonggoni bae sampe esuk”
Saeni : “Kang Saedah, Mimi Maemunah bener2 jahat. Lamon mimi Maryati masih urip, tentu kita ora sengsara kayang kenen ya kang. Mimi Maemunah jahat! Mama Sarkawi wis ora perduli ning anak. Lamon mengkenen bagen saeni mati bae, ambiran gelis ketemu karo mimi Maryati”

Tiba-tiba bae ana aki-aki tua mareki.

Saeni : “Aki, tulungana Saeni karo Kang Saedah”
Aki : “Sira lagi apa nok, tengah wengi ana ning tengah alas?”
Saeni : “Aduh, aki... tulungana kula”
Aki : “Nok Saeni.. Aki arep ngomong. Sebenere aki gah wis paham. Sira kuh anake Sarkawi ora, sing desa Karang Turi, Indramayu?”
Saeni : “Kok aki weruh sih?”
Aki : “Weruh sih beli... cuman nebak bae. Embokira wis mati ora, kenang bapanira mangkat kaji, terus bapanira kegoda kenang penari ronggeng sing aran Maemunah?”
Saeni : “Bener, aki... Saeni mene kuh diajak mimi Maemunah plesir meng kota, tapi akhire ditinggal ning  tengah alas”
Kiyai : “Sira kuh nok dudu ditinggal, tapi emang sengaja arep dibuang ning tengah alas. Aki pengen takon, nangapa sira sampe pengen dibuang?”
Saeni : “Mone kuh ki Saeni dipeseni ning Mimi Maemunah sedurunge mangkat meng pasar, kon aja nganggo beras sekati lan duit seketip. Mung bae Saenie kuh ngelih mangan, dadi berase kah di liwet, duite anggo tuku lawuan. Dadi saeni kuh diumbangi, sampe dibuang ning alas kiyen”
Aki : “Hmm...”
Saeni : “Saeni kuh ki pengen ngganti beras karo duit mau”
Aki : “Ooh, mengkonon? Aki gah wis nebak. Sira gelem beli lamon dadi ronggeng?”
Saeni : “Bagen, Ki... sing penting Saeni bisa bayar utang beras lan duit ning Mimi Maemunah”
Aki : “Ya wis... engko Saedah tak dadiaken tukang kendange”
Saedah : “Iya Ki”
Aki : “Kiyen sing diarani ronggeng ketuk tilu. Iki klambi lan lenga wangi sing aki, lan kiyen ketimang anggo Saedah. Saeni sing dadi ronggeng, lan Saedah sing dadi tukang kendange”
Saeni : “Iya Ki”
Aki : “Lamon sira dadi ronggeng, apa sira siap karo perjanjiane?”
Saeni : “Sanggup Ki... Sing penting Saeni bisa bayar utang ning mbok kualone Saeni”
Aki : “Sira ora sekedar bisa bayar utang, nok. Sira bakalan dadi wong sugih harta lan benda. Dadi sing kene, sira ngulona, terus ngetan, terus ngidul. Engko sira ketemu karo bangunan sing bagus. Bangunan kuwen sing diarani Jembatan Kali Sewo”
Saeni : “Oo..... jembatan kali Sewo”
Aki : “Jembatan iku minangka perbatesan Kabupaten Indramayu lan Kabupaten Subang”
Saeni : “Berarti Saeni kong ngeronggeng ning kono konon ki?”
Aki : “Ya. Sira ning kono bakalan olih duit akeh, sebab akeh pengusaha sing pada joged lan sawer. Tapi mengkenen nok, sawise sira dadi ronggeng lan kakangira dadi pengendang, aki arep gawe perjanjian karo sira. Siap beli?”
Saeni : “Siap, ki. Sing penting Saeni bisa bayar utang ning Mimi Maemunah”
Aki : “Ya wis, aja kesuwen. Aki arep miyang dikit”
Saeni : “Laahh.... miyang mendi kanah aki2 kah ya? Ketemu ilang bae. Kang saedah... Kang Saedah... tangi kang... mau ana aki2 tua marek, weruh beli?”
Saedah : “Aduhh... masih nagntuk kih de”
Saeni : “Kang Saedah.... tangi sih... Mau kerungu apa beli?”
Saedah : “Ora de... perasaan mau kah de Saeni turu tak kekepi kakang, tapi ko ketemu de Saeni laka bae?”
Saeni : “Kang, mau kuh Saeni ditekani aki2 tua. Aki2 mau kuh weruh yen Saeni karo Kang Saedah kuh lagi kesusahan. Jare aki2 kuh, saeni karo kang Saedah kuh sengaja dibuang ning tengah alas”
Saedah : “Mimi Maemunah memang jahat ya de”
Saeni : “Aki2 mau ngupaih petunjuk, arep nulung Saeni, tapi ana syarate”
Saedah : “Apa syarate de?”
Saeni : “Saeni arep didadiaken ronggeng, lan kang Saedah dadi pengendang”
Saedah : “Oh, mengkonon?”
Saeni : “Mangkane kita kudu nurut ning aki2 mau kang”
Saedah : “ya wis ayu mangkat. Mendi arahe de?”
Saeni : “Ngulon, ngetan, terus ngidul. Engko ketemu jembatan kali Sewo. Nah, jare aki2, kita dikongkon ngeronggeng ning kono. Engko jeh bakalan olih duit akeh sing saweran. Kita bisa sugih arta benda. Lan sing penting, bisa bayar utang beras sekati lan duit seketip ning Mimi Maemunah”
Saedah : “Ya wis gage mangkat de, aja kesuwen”

***********
Dina wis ganti dina, wulan wis ganti wulan. Taun wis ganti taun.
Saedah : “Bener de, sawise kita dadi ronggeng, kita olih akeh duit. Alhamdulillah ya de. Ikuh duite diberesi dikit, kosi pating cecer”
Saeni : “berarti aki2 tua kah bener, kang. Saeni kerja dadi ronggeng ora sia2. Aduh, Saeni pegel ikih kang...”
Saedah : “ya wis de, istirahat bae dikit. Kakang gah pegel”
Saeni : “Awake Saeni lemes, kang. Matane gah kunang2en”
Saedah : “Kakang pejeti ya de?”
Saeni : “Sikile ya kang”
Saedah : “Kiyen sikile de Saeni kaku temen? Badane de Saeni gah panas. De Saeni nang apa de? Raine gah kosi pucat”
Saeni : “kang, Saeni pesen, bokatan Saeni ditagih ning aki2, tulung bayarana utang ning Mimi Maemunah”
Saedah : “Iya de, gampang kuwen mah. Sing penting de Saeni waras dikit”
Saeni : “Kang, delengen ikuh... banyu kali kok wernane ana abang, kuning, ireng lan putih”
Saedah : “Apa sih de? Kakang ora ngerti. Aduh, kok mambu kembang temen sih? Sing endi ya?”
Saeni : “Kang, saeni pengen adus”
Saedah : “Aja de, de Saeni kan masih durung waras”
Saeni : “Tapi kang, saeni pengen adus pisan”
Saedah : “dadi de Saeni maksa pengen adus? Ya wis dicopot dikit klambine. Awas ya keplesed, lunyu”
Pas Saeni adus, Saeni selulup ora ndongol2 maning.
Saedah : “De Saeni... de Saeni... kok selulup ora ndongol2 maning sih? Ya Allah.. de Saeni mendi ya?”
Aki2 : “Ko sepi temen? Sawise ilang sifate pada tapi wujude beda. Kayane mah buaya putih”
Saedah : “Kakang melu de, percuma lamon kakang urip ning dunia tapi dewekan. De, de Saeni bisa ngomong? Lamon sira penjelmaan saking de Saeni, sira kudu ngomong. Ya wis de, kakang arep bayar utang dikit ning Mimi Maemunah”

Sarkawi : “Mi, mimi sing endi sih? Kakang balik laka wong2 ning umah”
Maemunah : “Mimi kesel, kang. Nonggoni sampeyan ora balik2”
Sarkawi : “Ya arane gah wong lagi usaha. Mimi kuh sing endi sih?”
Maemunah : “Kita kuh kang muter2 ngoleti Saedah karo Saeni, mbuh mendikena bocah 2 kah. Miyang ngeloyong ora balik2 tanpa ijin ning wong tua”
Sarkawi : “Maap mi, kita kuh pegel nembe teka sing laut. Ya wis ayu digoleti, dolan mendi bocah 2 kuh”
Maemunah : “Iya kang, kita kuh watir. Senajan anak kualon gah, bocah 2 kuh wis tak sayang kaya anak dewek. Tapi ko dikit, ikuh ana bocah lanang bagus marek mene, sapa ya?”
Saedah : “Mi... mimi Maemunah”
Maemunah : “Saedah? Sira sing endi bae? Toli Saeni’e endi?”
Saedah : “Engko Saedah cerita mi... Mama Sarkawi ana beli?”
Maemunah : “Ana, nembe bae teka”
Saedah : “Lagi kaen kah mi, kula lan Saeni sengsara ning alas. Tapi Saedah ora putus asa. Lan sekiyen kula wis sugih”
Maemunah : “Ampura mimi ya Saedah”
Saedah : “Malah Saedah sing njaluk maap ning mimi. Saedah seneng bisa ngumpul maning karo mama lan mimi. Tapi Saedah kuh sedih, Saeni wis laka. Lagi kaen kuh mi Saeni dadi ronggeng...”
Maemunah : “Oh, dadi ronggeng? Sekiyen saeni ning endi?”
Saedah : “Saeni lagi joged ronggeng ning jembatan kali Sewo. Tapi tiba2 bae Saeni raine pucat. Saeni njaluk adus ning kali sewo, tapi tibae bae Saeni ngalih rupa dadi buaya putih. Kiyen titipan sing Saeni, duit lan koper anggo ngganti beras lan duit sing pernah dianggo mangan de Saeni”
Maemunah : “Wis nang, aja dipikiri. Mimi sing salah. Sira wis tak ampura. Dadi ayu pada nyusul Saeni. Kang Sarkawi... ayu pada nyusul Saeni ning Kali Sewo”
Ning kali Sewo
Saedah : “Ning kali kiyen mi, Saeni nyemplung terus dadi buaya putih kuh. Ma, mama kenang apa ma? Ya Allah, mama Sarkawi ambrem ning kali Sewo”
Maemunah : “Kang... Kang Sarkawi, aja ninggalaken kula kang. Kulane melu”
Saedah : “Aja mi... aja....”
Maemunah : “Uculna....”
Saedah : “Ya Allah.... kula dadi dewekan. Wong tua lan ade wis laka. Takdir ora bisa dipungkir. Mama Sarkawi  ambrem ning kali Sewo, ngubah wujud dadi bale kambang. Mimi Maemunah dadi pring. Ade Saeni dadi buaya putih. Kula urip dewekan. Lamon mengkenen kula ora kuat urip... Awak kula wis pada lemes dedes”
Saedah ngerasa awake lemes, terus turu ning jembatan kali Sewo. Takdir ora bisa dipungkir. Saedah kelindes ning sepur sing liwat. Teruse saedah berubah wujud dadi kembang cempaka putih. Sarkawi dadi bale kambang. Saeni dadi buaya putih. Maemunah dadi pring.



Mangga download bae ning kene mp3 ne :
Kiser Saedah Saeni

Gamelan Son Of Lion - Sonogram


Disc 1: (Total Time 52:13)

1. Naked We Stand - David Simons 5:58
2. She (really) Had to Go - John Morton  9:24
3. Jigalullaby - Barbara Benary 8:24
4. Music Box  - Jody Kruskal 5:31
5. Bang on a Tin Can - Laura Liben 5:59
6. River Kotekan - Lisa Karrer 6:37
7. Telling Time Miguel Frasconi 10:19


1. 9-11: A Memorial Suite - a. Barbara Benary 2:54
2. 9-11: A Memorial Suite - b. Laura Liben 2:16
3. 9-11: A Memorial Suite - c. Daniel Goode 1:47
4. 9-11: A Memorial Suite - d. David Simons 2:39
5. 9-11: A Memorial Suite - e. David Demnitz 3:48
6. 9-11: A Memorial Suite - f. Laura Liben 3:48
7. 9-11: A Memorial Suite - g. Daniel Goode 1:23
8. Kacapi - Lisa Karrer 6:29
9. Descarga Elizabeth - David Demnitz 7:29
10. Traffic - Laura Liben 8:23
11. Gamelan Around - Denman Maroney 8:45
12. Sad/Happy - Daniel Goode 10:26

Gamelan Son Of Lion


Group Gamelan Son Of Lion dibentuk tahun 1976 di New York City oleh Barbara Benary, Philip Corner, dan Danile Goode. Mereka kemudian mengajak teman-teman mereka David Demnitz, Laura Liben, Jody Kruskal, Lisa Karrer, Marnen Laibow-Koser, Jody Diamond, dan David Simons untuk bergabung. Mereka tidak hanya memainkan gamelan, tapi juga musik kontemporer.


Album Gamelan Son Of Lion:
  • 1979 - Gamelan In The New World (Folkways)
  • 1992 - Macedonian Air Drumming (Bridge) - includes 1 track performed by GSOL
  • 1992 - Interaction: New Music for Gamelan (Leonardo/ISAST) - includes 2 tracks performed by GSOL
  • 1995 - New Gamelan/New York (GSOL Records)
  • 1996 - Gamelan as a Second Language (GSOL)
  • 2002 - Bending the Gending (GSOL)
  • 2004 - The Complete Gamelan in the New World (Locust Music)
  • 2004 - Prismatic Hearing (Tzadik)
  • 2005 - Metal Notes (Locust Music)
  • 2006 - Sun on Snow (New World)
  • 2007 - Dragon Toes (GSOL)
  • 2008 - Sonogram (Innova)

Minggu, 24 Juli 2011

SUNDA KLASIK CICIH CANGKURILEUNG


Lagu Lagu Sunda Klasik - Cicih Cangkurileung

Producer : Gita MTR Records
Group : Karawang Group
Leader : Dimyati H. M. A.
Musiciens : Cicih Cangkurileung, Mang Lukman, Ujang Be'i
Songs :
Nukilan Kiser Saydah,
Layung Koneng I,
Kidung Ahlak Islam,
Kacapiring,
Cangkurileung III,
Sorong Dayung I,
Daun Hiris



Sunda Klasik - Panjang Duriat

Producer : Gita MTR Records
Rombongan : Munggul Pawenang
Pimpinan : Dede Amung Sutarya
Artis-artis : Cicih Cangkurileung, Mang Eye Darya, Tosin Moch

Panjang Duriat,
Samoja Bodas,
Ciibun Na Daun Awi,
Kiser Bondan,
Asih Salira,
Banjaran,
Kulu-kulu Barang,
Hanjuang Nenggang

Sabtu, 23 Juli 2011

Detty Kurnia - Tilil Kombinasi


TILIL KOMBINASI SUPER SUNDA '84

Cangkurileung
Dagang Kacang
Indung Indung
Ka Abdi
Kabayangkeun
Kadipatenan
Kembang Jahe Laos
Kembang Kilaras
Khana Kombinasi
Mojang Kaler
Rayak Rayak 
Tilil Modern



KULU-KULU KARAWANG MODERN 1987


Goreng Dage
Kulu Kulu Karawang Modern
Lenggang Kangkung & sang Bango
Rame Rame
Sintren
Talak Tilu
Waru Doyong

Detty Kurnia - Bonganna


Track List :

01 Bonganna
02. Mega Hideung
03. Sorot Sega
04. Mega Hideung
05 Ulah Alim
06. naha
07 Sah Nu Rela
08 Egrenter Hate
09 Jodo Jeng Pali
10 Penteur Julang

ALBUM NOSTALGIA POP SUNDA


Track list:

08. Neneng Oscar ~ Hayu Batur
09. Titim Fatimah ~ Bulan Dagoan
10. Tati Saleh ~ Pepeling
11. Tati Saleh ~ Bajing Luncat
12. Euis Komariah,Agus ~ Abdi mah Dulang Tinande
13. May Sumarna ~ Neng Geulis
14. Euis Komariah ~ Patepang dina Impenan
15. Tati Saleh ~ Bubuy Bulan
16. Tati Saleh ~ Manintin Serang
17. Tati Saleh,May Sumarna ~ Pileuleuyan

DOWNLOAD

Senin, 18 Juli 2011

Manthous - Campursari



Campursari Manthous

Semula manthous dikenal sebagai pencipta lagu-lagu pop.  Tapi kemudian ia lebih banyak mencipta dan menyanyikan lagu-lagu gamelan yang dikombinasikan dengan musik elektronik.

01.  Yen ing tawang ono lintang
02. Tahu opo tempe
03. Tak eling-eling
04. Sinom parijotho
05. Sido opo ora
06. Setyo tuhu
07. Ojo sembrono
08. Putro nuswantoro
09. Pak rebo
10. Nyidam sari
11. Mbah dukun
12. Ngimpi
13. Eling -eling imut
14. Ojo lamis
15. Getun
16. Ojo digondeli

DOWNLOAD


Sabtu, 09 Juli 2011

UPIT SARIMANAH





Suryamah yang dikenal sebagai Upit Sarimanah (lahir di Purwakarta, 16 April 1928-11 Februari 1992) adalah seorang pesinden Indonesia di era 50-an. Beliau dikenal dengan lagu "Mojang Priangan".
Beberapa lagu Upit Sarimanah yang lain yang populer antara lain Bajing Luncat, Sakadang Kuya jeung Monyet, Kukupu, dan Sedih Prihatin. Upit pernah memimpin “Gamelan Siliwangi”. Beberapa lagu yang direkam Perusahaan Piringan Hitam “Dimita Moulding Industries” antara lain Ekek Paeh Tablo (NN), Karyawan Elodan (Upit Sarimanah), Tauco Cianjur (Moch. Jasin), Nampi Ondangan, Gupay Pileuleuyan (Mang Koko), Mojang (Upit Sarimanah), Bangbung Ranggaek (Kosaman Djaja), Nyoreang ka Tukang, Bajing Luncat (Kosaman Djaja), Hariring nu Kungsi Nyanding (Mang Koko/S. Winarja), dan Mapay Laratan.






1. Rereongan  (Dedeh K & Jojoh R) 
2. Berenuk ( Upit Sarimanah) 
3. Polos Tomo ( Upit Sarimanah)
4. Gaja (Jojoh R) 
5.Rindi Ritjang ( Dedeh K.) 
6.Tjikeruh  (Jojoh R.)
7. Patul Goang  ( Dedeh K.) 
8. Rajak - Rajak (Jojoh R) 
9. Buah Kawung  ( Jojoh R.) 
10. Odading (Dedeh K.)
11. Geboy  (Upit Sarimanah) 
12. Sinur ( Dedeh R)
 
 BEBERAPA ALBUM UPIT SARIMANAH LAINNYA


Upit Sarimanah - Modjang 

Upit Sarmanah - Pop Sunda

Upit Sarimanah - Gamelan Degung Siliwangi

Upit sarimanah & R. Dede Kurniasih


Upit Sarimanah - Kopi Susu


Upit Sarimanah - Tina Jandela


Upit Sarimanah - Djeruk Manis